Sabtu, 19 November 2011

WARA-WARA


Nyemak Wara-Wara
Pengumuman utawa wara-wara, yaiku informasi ngenani sawijining bab kang perlu dimangerteni dening wong akeh utawa umum.
Pengumuman bisa dibiwarakake utawa dipasang ana papan-papan kang dadi jujugane wong akeh. Upamane ana ing papan pengumuman, koran, radio, televise, lan sapanunggalane.
“Nyemak” utawa “nyimak” asale saka basa Arab “Sami’a” kang ngemu tegese ngrungokake pangandikan kanthi tumemen lan permati.
Jroning nyemak ana patang tataran kang ora kena dilirwakake urutane yaiku:
a.       Ngrungoake (listening),
b.      Mangerteni (understanding),
c.       Ngelimbang (evaluating),
d.      Nanggapi (responding).
Yen pinuju ana wara-wara sing kudu digateake yaiku:
a.       Saka sapa wara-wara iku,
b.      Katujokake/kanggo sapa wara-wara mau, lan
c.       Karepe/isine bab apa.
Kanggo nggampangake pangeling-eling karepe/isine wara-wara mau pigunakake pitakon apa, sapa, ngapa, ana ngendi, kapan, lan kepriye. Cethane yaiku:
a.       Kabar/prastawa apa?
b.      Sapa/apa sing dikabarake?
c.       Ana ngendi lan kapan kedadeyane?
d.      Kepriye kaanane lan kepriye tanggapanmu?


    
Tuladha:
WARA-WARA
            Panitia Lomba Nulis Cerkak tingkat SMA/SMK/MA minangka rerangken Diesnatalis Universitas Sido Makmur Salatiga badhe ngawontenaken Lomba Nulis Cerkak, kanthi tema “Kabudayaan Jawa ing Jaman Modern”.
            Syarat :
v  Siswa SMA/SMK/MA , kanthi nglampiraken fotokopi Kartu Siswa saha laying katrangan saking sekolah.
v  Karangan asli lan dereng nate dipuntumutaken lomba utawa kapacak ing kalawarti.
v  Isi karangan kirang langkung 1000 tembung.
v  Karangan dipun ketik computer kanthi spasi kalih.
v  Karangan mlebet panitia paling kentun tanggal 1 Desember 2011 cap pos.
Salatiga, 1 Agustus 2011
Panitia Lomba

Dr. Aris Nugroho, M.Hum

Tidak ada komentar:

Posting Komentar